Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 131 - Kitab Sutji


MASMUR 131 Pasrah marang Gusti Allah 131:1-3

1 Kidung jiyarah, anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggung sarta boten mawas kanthi kumlungkung; kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk, utawi bab-bab ingkang aneh tumrap kawula.

2 Saestu, kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa kawula; kados lare sapihan ingkang tileman celak biyungipun, kados lare ingkang dipun sapih nyawa kawula wonten ing nglebet kawula.

3 He Israel, ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, wiwit samengko nganti ing salawas-lawase!

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan