JABUR 130 - Kitab SutjiMASMUR 130 Pasambat sajroning kasusahan 130:1-8 1 Kidung jiyarah. Dhuh Yehuwah, saking jurang ingkang lebet kawula sesambat dhumateng Paduka. 2 Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula, Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula. 3 Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang, dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun? 4 Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka. 5 Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep, lan aku ngarep-arep marang Pangandikane. 6 Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeran ngluwihi pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk, iya wong jaga kang ngarep-arep marang wayah esuk. 7 Ngarep-arepa marang Pangeran Yehuwah, he Israel! awit Sang Yehuwah kagungan sih-kadarman, sarta kerep banget paring pangluwaran. 8 Panjenengane kang bakal ngluwari Israel saka sakehing kaluputane. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society