Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 13 - Kitab Sutji


MASMUR 13 Pandonga bab pracaya 13:1-6

1 Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2 Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka boten ngengeti kawula? Ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka nutupi wedana Paduka dhateng kawula?

3 Ngantos dumugi benjing punapa anggen kawula kedah ngraosaken kwatos, sarta anggenipun manah kawula sedhih ing sadinten-dinten? ngantos benjing punapa satru kawula anggenipun ngungkuli kawula?

4 Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa mirsani, karsaa paring wangsulan dhumateng kawula; mripat kawula kapadhangna supados kawula sampun ngantos katileman lajeng pejah;

5 tuwin supados satru kawula sampun ngantos wicanten makaten: “Wus daksorake,” punapa malih mengsah kawula sampun ngantos surak-surak, manawi kawula keguh.

6 Nanging kawula kumandel dhumateng sih-kadarman Paduka, manah kawula abingah-bingah margi saking pitulungan Paduka. Aku arep kekidungan kagem Sang Yehuwah, amarga wus paring kasaenan marang aku.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan