JABUR 129 - Kitab SutjiMASMUR 129 Luwar saka ing kasangsaran 129:1-8 1 Kidung jiyarah. Banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, – kareben Israel ngucap mangkono – 2 banget anggonku wus dirupeki ing wong, wiwit nalika aku isih enom, ewadene padha ora bisa ngalahake aku. 3 Wong mluku, mluku ana ing gegerku, alurane waluku didawakake. 4 Pangeran Yehuwah iku adil, lan kang medhoti dhadhunge wong duraka. 5 Sakehe wong kang sengit marang Sion bakal padha kawirangan lan bakal mundur. 6 Padha kaya suket ing payon, kang alum sadurunge dibedhol, 7 kang ora digegem dening tangane wong ngarit, utawa dirakupi dening kang mbenteli, 8 satemah wong kang padha liwat ora ngucap: “Berkahe Sang Yehuwah anaa ing kowe kabeh! Aku padha mberkahi kowe kabeh ing asmane Sang Yehuwah!” |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society