Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 128 - Kitab Sutji


MASMUR 128 Berkahing kulawarga 128:1-6

1 Kidung jiyarah. Rahayu saben wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, sarta kang ngambah ing dalan pitedahe.

2 Manawa kowe mangan wohing kangelane tanganmu, rahayu kowe lan becik kaananmu!

3 Rabimu bakal dadi kaya wit anggur kang subur ana ing jerone omahmu; lan anak-anakmu kaya trubusaning wit jaitun kang ngupengi mejamu.

4 Lah kaya mangkono anggone bakal kaberkahan wong lanang kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah.

5 Sang Yehuwah muga mberkahana kowe saka ing Sion, sarta kowe muga menangana karaharjane Yerusalem sajegmu urip,

6 sarta muga menangana anak-anake anak-anakmu! Tentrem rahayu anaa ing Israel!

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan