JABUR 127 - Kitab SutjiMASMUR 127 Berkahe Pangeran Yehuwah kawitaning kaslametan 127:1-5 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Suleman. Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah, tanpa gawe panggarape tukange; manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita, tanpa gawe wong jaga anggone melek. 2 Tanpa guna anggonmu tangi esuk umun-umun, lan lelungguhan nganti bengi, lan mangan roti kang anggone oleh kalawan rekasa, amarga iku diparingake dening Panjenengane marang kang ditresnani nalika pinuju turu. 3 Lah anak-anak lanang iku pusaka peparinge Sang Yehuwah, wohing wetengan iku sawijining pituwas. 4 Kaya panah ana ing tangane wong prawira, kaya mangkono mungguh anak-anak nalika nome. 5 Begja wong kang endhonge dikebaki kalawan iku kabeh. Wong iku ora bakal nandhang wirang manawa rembugan karo mungsuh ana ing gapura. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society