Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 125 - Kitab Sutji


MASMUR 125 Tentrem ana ing pangayomaning Sang Yehuwah 125:1-5

1 Kidung jiyarah. Wong kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah, iku padha kaya gunung Sion kang ora obah-obah, kang tetep ing salawase.

2 Yerusalem kinupengan ing gunung, kaya mangkono Pangeran Yehuwah anggone ngamping-ampingi umate, wiwit ing samengko nganti ing salawase.

3 Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetep ana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid, supaya wong mursid aja nganti padha kumranggeh tangane marang piala.

4 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nindakaken kasaenan dhateng para tiyang sae tuwin dhateng para tiyang ingkang manahipun tulus.

5 Nanging tiyang-tiyang ingkang nyleweng dhateng ing margi ingkang menggak-menggok, mugi sami katundhunga dening Pangeran Yehuwah sareng kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken piawon. Tentrem rahayu tumrapa marang Israel!

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan