JABUR 124 - Kitab SutjiMASMUR 124 Pinujia Juru Selamete bangsa Israel 124:1-8 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, – dikaya mangkono pangucape Israel, – 2 yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita, nalika wong padha gumregah nglawan marang kita, 3 kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan, nalika mulad-mulading nepsune marang kita; 4 kita banjur kentir ing banyu, aku wus padha kleleb ana ing kali; 5 ilining banyu kang luber kang molak-malik iku wus nasabi kita. 6 Pinuji-pujia Pangeran Yehuwah kang ora ngulungake kita dadi mangsane untune wong-wong mau! 7 Nyawa kita padha bisa oncat kaya manuk, kang oncat saka jirete wong mikat, rantas jirete, kita nuli oncat. 8 Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society