JABUR 122 - Kitab SutjiMASMUR 122 Pandonga nyuwunake tataraharjane kutha Yerusalem 122:1-9 1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Aku bungah nalika ana wong kang kandha marang aku mangkene: “Ayo padha munggah menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.” 2 Saiki sikilku padha tumapak ana ing gapuramu, he Yerusalem. 3 He Yerusalem, kang wus kaadegake dadi kutha sesanggitan rapet, 4 kang kaunggahan dening para taler, yaiku para taler kagunganing Sang Yehuwah, prelu padha ngucap sokur marang asmaning Sang Yehuwah, nocogi pranatan tumrap Israel. 5 Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan, dhampare trahe Prabu Dawud. 6 Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu: “Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan. 7 Tentrem rahayu anaa sajroning balowartimu, lan kasantosan anaa ing kadhatonmu.” 8 Marga saka para sadulurku lan para mitraku, aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.” 9 Marga saka padalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku, aku bakal padha ngupaya apa kang becik tumrap kowe. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society