JABUR 121 - Kitab SutjiMASMUR 121 Pangeran Yehuwah, kang rumeksa bangsa Israel 121:1-8 1 Kidung jiyarah. Mripatku tumenga marang gunung-gunung; pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi? 2 Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah, kang nitahake langit lan bumi. 3 Panjenengane ora bakal marengake yen sikilku gloyoran, kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk. 4 Sayektine kang ngreksa Israel ora ngantuk lan ora sare. 5 Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe, Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu. 6 Srengenge ora bakal nglarani kowe ing wayah awan, utawa rembulan ing wayah bengi. 7 Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai; nyawamu direksa. 8 Pangeran Yehuwah bakal ngreksa marang lebu lan wetumu, wiwit ing samengko tumeka ing delahan. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society