JABUR 120 - Kitab SutjiMASMUR 120 Dioyak-oyak ing paekan 120:1-7 1 Kidung jiyarah. Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur disembadani: 2 “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking lambe ingkang cidra, saking ilat ingkang dora-cara.” 3 Apa kang bakal diparingake marang kowe, sarta kowe diparingi tambahan apa, he ilat kang dora-cara? 4 Panahe prawira kang landhep, tuwin mawane kayu arar. 5 Cilaka aku amarga kudu manggon kaya wong manca, kaya wong ngamanca ana ing tanah Mesekh, awit kudu manggon ana ing antarane kemahe bangsa Kedar! 6 Wus cukup suwe pamanggonku awor karo wong kang padha sengit marang karukunan. 7 Aku iki dhemen rukun, nanging saben ana pangucapku, wong ing kono banjur padha ngajak perang. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society