Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

JABUR 12 - Kitab Sutji


MASMUR 12 Pandonga nyuwun pitulungan marga saka anane wong culika 12:1-9

1 Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2 Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid, tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa.

3 Rambagipun sami apus-ingapusan, wicantenipun mawi lambe lamis, mawi manah rangkep.

4 Muga-muga Pangeran numpes sakehing lambe lamis lan ilat kang umuk-umukan,

5 yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang! Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”

6 Jalaran wong kang ringkih padha katindhes, lan marga saka pangrintihe para wong mlarat Ingsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan.

7 Pangandikane Sang Yehuwah iku Sabda kang murni, kayadene selaka kang binesot, rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi.

8 Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi, kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika.

9 Para wong duraka padha klambrangan mrana-mrana, samangsa budi kang nistha jumedhul ing satengahing anaking manungsa.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan