JABUR 114 - Kitab SutjiMASMUR 114 Lelakon kang elok, nalika Israel metu saka ing tanah Mesir 114:1-18 1 Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir, nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane, 2 nuli Yahuda dadi papan pasucene, Israel dadi wewengkoning pangwaose. 3 Segara weruh banjur lumayu, bengawan Yarden bali mandhuwur, 4 gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang, tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe. 5 He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu? He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur, 6 he gunung-gunung, dene kowe padha cecolotan kaya wedhus lanang? He tengger-tengger, dene kowe padha lincak-lincak kaya cempe? 7 Gumetera he bumi, ana ing ngarsane Pangeran, ana ing ngarsane Gusti Allahe Rama Yakub, 8 kang ngowahi parang dadi blumbang, tuwin watu kang atos dadi sendhang. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society