JABUR 113 - Kitab SutjiMASMUR 113 Pangeran Yehuwah njunjung wong asor 113:1-9 1 Haleluya! He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji, padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah. 2 Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna, ing saiki lan ing salawase. 3 Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujia saka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe; 4 Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa, kamulyane ngungkuli langit. 5 Sapa kang kaya Pangeran Yehuwah, Allah kita, kang dedalem ing ngaluhur, 6 kang ngesorake sarira prelu nguningani, swarga lan bumi? 7 Wong asor dijunjung saka ing lebu lan wong mlarat dientas saka ing blethokan, 8 kalungguhake awor lan para panggedhe, awor lan para panggedhe bangsane. 9 Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya! |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society