JABUR 112 - Kitab SutjiMASMUR 112 Rahayu wong kang bener 112:1-10 1 Haleluya! Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah, kang banget kasengsem marang sakehing pepakone, 2 anak-putune bakal santosa ana ing bumi, turune wong bener bakal diberkahi, 3 omahe kanggonan bandha lan kasugihan, sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase. 4 Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil. 5 Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake, kang ngrampungake urusane kanthi samesthine, 6 sabab ora bakal gonjing ing salawase, wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase, 7 ora wedi marang kabar kang ala, atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah, 8 atine santosa, ora kadunungan wedi, temah nganggep remeh marang para satrune. 9 Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan. 10 Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine, nggeget untu banjur luluh; pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society