JABUR 110 - Kitab SutjiMASMUR 110 Jumenenge Ratu-Imam 110:1-7 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.” 2 Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion; Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka! 3 Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun. 4 Pangeran Yehuwah sampun supaos, sarta badhe boten keduwung: “Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase manut tatanane Melkisedhek.” 5 Pangeran wonten ing tengen Paduka, ngremuk para raja pinten-pinten ing dintening bebendunipun; 6 Pangeran ngadili wonten ing antawisipun para bangsa ngantos bathang-bathang sami pating glimpang. Panjenenganipun ngejur tiyang-tiyang ingkang dados pangageng ing nagari ingkang wiyar. 7 Wonten pinggir margi Panjenenganipun ngunjuk ing lepen, temah ndengengekaken mastakanipun. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society