JABUR 11 - Kitab SutjiMASMUR 11 Sang Yehuwah iku jumeneng dadi pangayoman 11:1-7 1 Kanggo lurah pasindhen. Anggitane Prabu Dawud. Aku ngayom marang Sang Yehuwah, kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku: “Mabura menyang gunung kaya manuk!” 2 Awit delengen, wong duraka padha menthang gandhewa, panahe dietrapake ing sendheng, sumedya dilepasake marang wong kang burus atine ana ing panggonan kang peteng. 3 Samangsa tetalese padha dibubrahi, wong mursid iku bisa nindakake apa? 4 Sang Yehuwah ana ing padalemane kang suci; Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga; tingale maspadakake, kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa. 5 Sang Yehuwah ndadar wong mursid lan wong duraka, lan gething marang wong duraka, kang seneng tumindak keras. 6 Wong duraka padha diudani areng mengangah lan welirang; angin kang nggesengake ngebaki tuwunge. 7 Amarga Sang Yehuwah iku adil; remen marang kaadilan: wong kang burus atine bakal nyawang wedanane. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society