JABUR 101 - Kitab SutjiMASMUR 101 Nadaring ratu 101:1-8 1 Masmur anggitane Prabu Dawud. Kawula badhe ngidungaken sih-susetyan lan angger-angger, kawula badhe ngrepekaken masmur kagem Paduka, dhuh Yehuwah. 2 Kawula badhe migatosaken gesang ingkang tanpa cacad: Benjing punapa Paduka badhe nedhaki kawula? Kawula badhe gesang kanthi manah ingkang resik wonten ing griya kawula. 3 Kawula boten badhe manah dhateng prakawis ingkang awon, pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti, boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula. 4 Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula, kawula boten badhe purun tepang kaliyan piawon. 5 Tiyang ingkang bebisikan ngawon-awon dhateng sasaminipun, punika badhe kawula tumpes, tiyang ingkang kumalungkung saha kumaluhur-luhur manahipun, punika kawula boten remen. 6 Mripat kawula mandeng dhateng tiyang ingkang sami tuhu-setya wonten ing nagari, supados sami manggen nunggil kaliyan kawula. Tiyang ingkang tanpa cacad lampahipun, punika badhe ngladosi kawula. 7 Tiyang ingkang lampah culika boten badhe manggen ing griya kawula, sinten ingkang dora-cara boten badhe tetep wonten ing ngajeng kawula. 8 Saben enjing kawula badhe numpes sakathahing tiyang duraka, ingkang wonten ing nagari; sakathahing tiyang ingkang lampah awon, badhe kawula sirnakaken saking kithaning Yehuwah. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society