JABUR 100 - Kitab SutjiMASMUR 100 Ngluhurna Gusti Allah ana ing padalemane 100:1-5 1 Masmur kanggo kurban atur panuwun. He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah. 2 Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak! 3 Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane. 4 Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane. 5 Amarga Pangeran Yehuwah iku becik, sih-kasetyane iku kanggo ing salawase, lan kasetyane lestari turun-tumurun. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society