IBRANI 8 - Kitab SutjiImam Agung prajanjian anyar 8:1-13 1 Wose apa kang kita rembug iku mangkene: kita padha duwe Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengene dhampare kang Mahaagung ing swarga, 2 sarta kang ngladosi pangibadah ing panggonan kang suci, yaiku ing sajrone tarub kang sejati, yasane Gusti Allah sarta dudu gaweaning manungsa. 3 Jalaran saben Imam Agung kapatah nyaosake kurban sarta pisungsung, mulane Gusti Yesus uga prelu kagungan kang dipisungsungake. 4 Saupama Panjenengane ana ing bumi iki, Panjenengane babar pisan ora bakal jumeneng Imam, amarga ing kene wus ana para imam kang padha nyaosake pisungsung manut angger-anggering Toret. 5 Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.” 6 Nanging saiki Panjenengane wus tampa kaimaman kang luwih dening agung, marga Panjenengane jumeneng Pantaraning prasetyan kang luwih mulya, kang alandhesan prasetya kang luwih luhur. 7 Sabab yen ta prajanjian kang dhisik iku tanpa cacad, ora bakal digolekake panggonan maneh kanggo kang kapindho. 8 Dene anggone nacad wong-wong iku nalika Panjenengane ngandika: “Satemene, bakal tumeka ing wektune,” mangkono pangandikane Pangeran, “Ingsun bakal mranata prajanjian anyar kalawan turune Israel sarta turune Yahuda, 9 ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir. Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran. 10 “Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran. “Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine, sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun. 11 Sarta wong-wong iku ora bakal padha mulang maneh marang pepadhane warga utawa marang pepadhane sadulur kanthi ngucap: Wanuha marang Pangeran! Amarga kang cilik dalah kang gedhe kabeh bakal padha wanuh marang Ingsun. 12 Awitdene Ingsun bakal nandukake sih-piwelas marang kaluputane sarta ora bakal ngengeti marang dosa-dosane.” 13 Sarehne Panjenengane ngandika bab prajanjian anyar, mulane iya mratelakake manawa kang dhisik iku prajanjian kang wis dadi lawas, sarta apa kang dadi lawas lan kawak iku wis cepak sirnane. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society