Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

HOSEA 2 - Kitab Sutji


Israel ditampik sarta kabangun maneh 2:1-22

1 “Biyungira lapurna, iya lapurna, awitdene iku dudu garwaningSun, lan Ingsun iki dudu kakunge; konen mbuwang panyundele saka ing raine, lan anggone laku jina saka ing selaning susune,

2 supaya aja nganti Sundhedheli sandhangane kongsi wuda, Sundadekake padha kaya ing nalika laire, Sundamel kaya pasamunan, Sundadekake kaya tanah mati, banjur Suntegakake nganti mati kasatan.

3 Anadene anak-anake padha ora Sunwelasi, awitdene iku padha anak sundel.

4 Marga biyunge dadi sundel; kang ngetengake wus nindakake kanisthan, awit pangucape: Aku arep ngetutake para bedhanganku, kang aweh roti lan banyu pangombenku kain wol lan lenaku, lengan lan omben-ombenku.

5 Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri, sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng, satemah ora bisa nemu dalan-dalane.

6 Banjur arep ngoyak-oyak para bedhangane, nanging ora bakal kecandhak, sarta arep nggoleki para bedhangane iku, nanging ora ketemu. Temah banjur bakal ngucap: Dakbali ngulihi bojoku jaka-lara, marga kaananku nalika samana luwih kapenak tinimbang karo saiki.

7 Nanging dheweke iku ora ngrumangsani yen Ingsun kang maringi gandum, anggur lan lenga, sarta kang ngakehake salakane lan mase kang dianggo gawe reca Baal.

8 Mulane Ingsun bakal mundhut baline gandumingSun ing kala mangsane, lan angguringSun ing saben wektune, apadene ngrampas wol lan lenaningSun kang kanggo nutupi kawirangane.

9 Sarta saiki bakal Suneler kawirangane, ana ing ngarepe para bedhangane, lan ora ana wong kang bakal ngluwari dheweke saka ing astaningSun.

10 Sakehe kabungahane bakal Sunuwisi riyayane, lan sasine anyar apadene dina Sabate lan sakehe dinane gedhe.

11 Ingsun bakal nyirnakake wite anggur lan wite anjir, kang wus padha diucapake: Iki kabeh paweweh marang aku, kang diwenehake marang aku dening kekasihku. Iku bakal Sundadekake alas, lan kewan ing ara-ara bakal mangani iku nganti entek.

12 Karomaneh dheweke bakal Sunukum marga saka dina-dina nalika nyaosake kurban marang para Baal, sarta nganggo anting-antinge lan kalunge, tuwin banjur ngetutake para bedhangane nanging lali marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

13 “Kang iku, dheweke bakal Sunarih-arih, sarta Sunajak menyang ing pasamunan, lan Sunpangandikani kang gawe leganing atine.

14 Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana, apadene Sunparingi lebak Akhor minangka gapuraning pangarep-arep. Ana ing kono dheweke bakal ngidung-ngidung kaya nalika isih enom, kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir.

15 Ing dina iku – mangkono pangandikaning Sang Yehuwah –, Ingsun bakal sira sebut: Kakung kawula, lan Ingsun ora sira sebut maneh: Baal kawula!

16 Karomaneh jenenge sakehe Baal bakal Sunbirat saka ing cangkemira, banjur ora disebut-sebut maneh.

17 Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.

18 Sira bakal Sunpundhut garwa kanggo ing salawas-lawase, lan anggoningSun mundhut garwa sira iku kalawan kaadilan lan kabeneran, sarta kalawan sih-susetya lan sih-katresnan.

19 Sira bakal Sunpundhut garwa kalawan setya-tuhu, satemah sira bakal wanuh marang Pangeran Yehuwah.

20 Ing nalika iku – mangkono pangandikaning Sang Yehuwah – Ingsun bakal midhangetake marang langit, lan langit bakal ngrungokake marang bumi.

21 Bumi bakal ngrungokake marang gandum, anggur lan lenga, sarta iku bakal padha ngrungokake marang Yizreel.

22 Tumuli iku bakal Sunsebar ana ing bumi lan dadi kagunganingSun, lan Ingsun bakal paring piwelas marang Lo-Rukhama, tuwin Ingsun bakal ngandika marang Lo-Ami, iku: Sira iku umatingSun! Dene iku bakal munjuk: Dhuh Allah kawula!”

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan