Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

HOSEA 14 - Kitab Sutji

1 Samaria kudu tampa paukuman, marga mbalela marang Allahe. Bakal padha tiwas dening pedhang, bayi-bayine bakal padha karemuk, wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan.


Bab pamratobat lan prajanji 14:2-9

2 He Israel, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu, dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.

3 Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.

4 Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya; kawula boten badhe numpak kapal, saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula! dhateng dedamelaning tangan kawula, margi Paduka ngasihi lare lola.”

5 Ingsun bakal mulihake wong-wong iku saka ing pamurtade, lan bakal ngasihi kanthi legawaning galih, marga bebenduningSun marang dheweke wus mendha.

6 Ingun bakal dadi kaya ebun tumrap Israel, dheweke bakal metu kembange kaya kembang bakung, lan oyode ngambra-ambra kaya Libanon.

7 Pang-pange padha sumrambah, sarta endahe kaya wit jaitun, lan arum gandane kaya kang ana ing Libanon.

8 Wong-wong mau bakal padha bali lan manggon ing pangayomaningSun, lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum; sarta bakal padha kembang kaya wit anggur, kang misuwur kaya anggur ing Libanon.

9 Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira! Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh.


Panutup 14:10

10 Sapa kang wicaksana, cikben mangreti marang prakara iki kabeh; sapa kang mangreti, kareben nyumurupi iku; marga margi-margine Pangeran Yehuwah iku lenceng, lan diambah dening para wong mursid, nanging para wong kang mbalela padha keplesed tiba ana ing kono.

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan