Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

AYUB 39 - Kitab Sutji

1 Apa sira bisa nggolekake memangsaning singa wadon, lan bisa maremake marang singa enom,

2 manawa padha mendhek-mendhek ana ing guwane manawa padha ndingkik ana ing grumbulan?

3 Sapa kang nyawisake pakaning gagak, manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah, padha klambarangan marga ora ana pangan?

4 Sira apa sumurup wancine wedhus gunung duwe anak, utawa apa namatake menjangan anggone nglarani?

5 Apa sira bisa ngetung pirang sasi anggone meteng sarta apa bisa nyumurupi ing eleke?

6 Anggone nglairake anake, kalawan njengking lan banjur ngetokake isining guwa-garbane.

7 Anake padha dadi rosa lan gedhe ana ing ara-ara, padha lunga lan ora bali marang embokne.

8 Sapa kang ngumbar kuldi alasan, utawa sapa kang nguculi dhadhunge kuldi ing ara-ara?

9 Ara-ara kang Sunparingake dadi papan padunungane lan tanah asin dadi pasabane.

10 Ramening kutha dipoyoki, ora krungu swarane kang nggiring;

11 banjur golek pangonan ing gunung-gunung, lan ngluru samubarang kang ijo.

12 Apa bantheng gelem teluk marang sira utawa gelem turu ing sacedhaking ambenira manawa bengi?

13 Apa sira bisa meksa bantheng ngenut kalenaning wluku kalawan keluhan, utawa nggaru bumi ing lebak ngetutake lakunira?

14 Apa sira pracaya, marga gedhe karosane? Utawa banjur sira pasrahi pagaweanira kang abot?

15 Apa sira nemtokake, yen bakal ngulihake pametuning buminira, lan nglumpukake ing papan panutonira?

16 Manuk unta kekablak kalawan bungah nanging apa elar lan wulu iku mratelakake katresnan?

17 Awit endhoge ditinggal ing lemah, lan dietogake sarta diangremake ana ing pawedhen,

18 nanging lali, manawa endhog mau bisa kapidak ing sikil, lan kailes-iles ing kewan alasan.

19 Pangrengkuhe marang anak-anake keras kaya-kaya dudu anake dhewe; sanajan rekasane tanpa guna, ora dipreduli,

20 amarga ora kaparingan kawicaksanan dening Gusti Allah lan ora dipandumi pangreten.

21 Manawa kekablak kalawan gumunggung. banjur nggeguyu jaran lan kang nunggangi.

22 Apa sira kang aweh karosan marang jaran? Apa sira kang nyandhangi suri ing githoke?

23 Apa sira kang mbisakake mlumpat kaya walang? Panggabere kang nggegirisi medeni.

24 Anggone thakur-thakur ing lemah kalawan gambira, anggone maju methukake gegaman kalawan kakuwatan.

25 Sabarang kang nggegirisi digeguyu, sarta ora tau wedi apadene ora gelem mundur manawa arep-arepan karo pedhang.

26 Endhong panah kamrincing ing sadhuwure, tumbak lan towok pating cleret.

27 Kalawan ringas lan galak lemah dikemah-kemah, sarta banget notole manawa krungu unining kalasangka;

28 ngerik-ngerik manawa kalasangka kaunekake; lan saka ing kadohan wus bisa ngambus anane perang, bantering abane para panggedhe tuwin suraking wadya-bala.

29 Apa kapinteranira kang mulang mabur manuk wulung kalawan ngegarake swiwine ngener mangidul?

30 Apa marga saka prentahira manuk beri iku anggone banjur mumbul lan nusuh ing panggonan kang dhuwur?

31 Anggone manggon lan nusuh ana ing gunung parang, ing pucaking gunung parang lan ing gunung kang angel ingunggahan.

32 Ana ing kono anggone ingak-inguk madik-madik memangsane, matane ngingat-ngingatake saka ing kadohan;

33 anake padha ngokop getih lan ing ngendi ana bathang, manuk beri mesthi ana ing kono.”


Ayub ngesorake awake ana ing ngarsaning Allah 39:34-38

34 Sang Yehuwah tumuli nyambeti, pangandikane marang Ayub:

35 “Si juru panutuh apa isih arep mabeni marang Kang Mahakwasa? Kang nacad marang Gusti Allah iku supaya mangsulana!”

36 Ing kono unjuke Ayub marang Sang Yehuwah:

37 “Saestu, kawula punika asor sanget, kawula badhe ngaturaken wangsulan punapa dhateng Paduka? Cangkem kawula kawula tutupi kalayan tangan.

38 Sapisan kawula sampun gadhah pangucap, nanging badhe boten kawula lairaken malih; malah kaping kalih, nanging boten badhe kawula lajengaken.”

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan