AYUB 38 - Kitab SutjiBAB 38-42 PARING WANGSULANE GUSTI ALLAH MARANG AYUB Pangwasaning Pangeran ing sajroning alam jembar 38:1–39:33 1 Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulan marang Ayub saka ing sajroning prahara, pangandikane: 2 “Sapa ta kang gawe petenging pepesthen kalawan pangucap kang tanpa pamikir? 3 Mara rumantia dikaya wong lanang! Sira Sundangu, Ingsun unjukana pratela. 4 Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi. Munjuka manawa sira mangreti! 5 Sapa kang nemtokake ukurane – Sira rak sumurup? – Tuwin sapa kang menthang tali ukurane? 6 Pilar-pilare tumancep ing ngendi lan sapa kang masang watu pojokan, 7 ing nalikane lintang-lintang esuk padha asuka-rena bebarengan tuwin para putraning Allah padha asurak-surak? 8 Sapa kang mbendung sagara kalawan plawangan nalika lagi kumrasak metu saka ing guwa-garba, 9 nalika Sunkaryakake mega minangka sandhangane tuwin pepeteng minangka gegedhonge; 10 nalika Ingsun nemtokake watese, sarta masang slarak lan lawang; 11 nalika Ingsun ngandika: Tekan ing kene bae, aja kliwat, ana ing kene alunira kang gumunggung bakal padha katambak! 12 Ing sajroning uripira apa sira tau ngundang marang gagat-raina lan mrenahake bangbang wetan, 13 supaya padha nyekel poncoting bumi sarta ngebutake wong duraka? 14 Bumi mau banjur salin rupa dadi lempung kang diecap, samubarang kabeh awujud kaya busana. 15 Para wong duraka padha kailangan pepadhange, tangan kang kaacungake katugel. 16 Apa sira wus bisa tumurun nganti tekan ing etuking sagara lan wus ndlajahi dhasaring samodra-raya? 17 Apa gapuraning pati wus padha katon marang sira sarta apa sira wus ndeleng lawanging teleng palimengan? 18 Apa sira mangreti jembaring bumi? Caritakna, manawa sira wus nyumurupi iku kabeh! 19 Ana ing ngendi dalan kang anjog ing papan padununganing pepadhang, lan ana ing ngendi prenahe pepeteng, 20 supaya sira banjur bisa mrenahake ana ing wewengkone dhewe-dhewe lan nyumurupi dalan-dalan kang anjog ing padunungane? 21 Mesthine sira wus sumurup, amarga nalika samana sira wus lair, lan wus akeh cacahing dinanira! 22 Apa sira wus lumebu ing gedhong parawatane salju, sarta apa wus ndeleng parawatane udan krikil, 23 kang Ingsun simpen kanggo ing dina karubedan, kanggo ing mangsa pacampuhan lan perang? 24 Ana ing ngendi dalane menyang ing papan sumebaring pepadhang, lan papan pencaring angin ing salumahing bumi? 25 Sapa kang karya ilen-ilening udan deres lan dalan kanggo kilating gludhug, 26 supaya tanah kang ora dienggoni ing wong lan ara-ara kang suwung padha kodanan; 27 sarta supaya pasamunan lan tanah kang ludhes padha kawaregan apadene suket-suket padha thukul seger? 28 Apa udan iku ana bapakne? Sarta sapa kang nganakake tetesing ebun? 29 Es iku metu saka ing guwa-garbane sapa, lan ebun kang njendhel ing langit iku sapa kang nglairake? 30 Banyu njendhel nganti kaya watu, lan lumahing samodra dadi atos. 31 Apa sira bisa mbundheli talining lintang Wuluh, lan nguculi bebandaning lintang Wluku? 32 Apa sira bisa ngetokake lintang Bima Suci ing kala mangsane, lan nuntun lakune lintang Prau saanak-anake? 33 Apa sira nyumurupi pranataning langit sarta netepake anggone mrentah ana ing bumi? 34 Apa sira bisa ngulukake swaranira nganti tekan ing mega, temah sira banjur kebanjiran? 35 Apa sira bisa nglepasake kilat, temah padha samber-samberan kalawan calathu marang sira: Sandika? 36 Sapa kang ndunungake kawicaksanan ana ing mega utawa sapa kang paring budi marang mendhung? 37 Sapa bisa ngetung mendhung kalawan kawicaksanan, lan sapa kang bisa nyuntak ejuning langit, 38 nalika lebu njendhel dadi logam tuwin prongkalan lemah padha lelengketan dadi siji? |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society