Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -

AYUB 25 - Kitab Sutji


Wangsulane Bildad, ora ana wong tanpa kaluputan ing ngarsane Gusti Allah 25:1-6

1 Bildad, wong Suah mangsuli calathune:

2 “Pangwasa lan kaanan kang nggegirisi iku ana ing Panjenengane, kang nitahake karukunan ana ing ngaluhur.

3 Wadya-balane apa ana kang bisa ngetung? Lan sapa kang ora kasunaran ing pepadhange?

4 Manungsa kapriye anggone bisa bener ana ing ngarsaning Allah? Tuwin kang lair saka wong wadon kapriye anggone suci?

5 Lah ta, sanadyan rembulan iya ora padhang, sarta lintang-lintang uga ora resik ana ing ngarsane.

6 Apa maneh manungsa kang prasasat eset, anake manungsa kang prasasat singgat!”

Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

Indonesian Bible Society
Lean sinn:



Sanasan