AYUB 16 - Kitab SutjiAyub ngadhuh-adhuh marga ngrasakake apa kang katandukake dening Gusti Allah marang dheweke 16:1–17:16 1 Ayub banjur mangsuli, pangucape: 2 “Wus kerep banget aku krungu kang kaya mangkono iku, kowe kabeh iku juru panglipur kang siyal! 3 Apa durung entek tembungmu kang tanpa isi iku? Apa ta kang meksa kowe supaya nglawan? 4 Aku iya bisa caturan kaya kowe, saupama kowe iku dadi kaya aku; aku bisa ngracik tetembungan kang endah tumrap kowe sarta gedheg-gedheg ngrasakake kowe. 5 Aku bisa nyantosakake atimu kalawan cangkem lan lambeku ora dakpekak anggone ngucapake piwales. 6 Nanging manawa aku caturan, anggonku nandhang sangsara ora bakal dadi entheng lan manawa aku meneng apa iya ana sudane? 7 Nanging saiki Panjenengane ndadekake aku tanpa daya tuwin ngrisak sakukubaning omahku, 8 aku dicepeng; iki kang dadi seksi; anggonku kuru iki kaya-kaya banjur gumregah nggugat marang aku. 9 Bebenduning Allah nempuh sarta nglawan marang aku, nggeget waja tumuju marang aku, aku dipandeng dening mungsuhku kalawan mancereng. 10 Wong padha crawak cangkeme tumrap ing aku, aku ditapuk kalawan pamemirang, padha nggrombol arep ngroyok aku. 11 Gusti Allah ngulungake aku marang wong dursila, sarta masrahake aku marang tangane wong duraka. 12 Aku urip kalawan tentrem, nanging aku banjur sinangsara, githokku diasta nuli aku dibanting, banjur katangekake kadadekake les-lesane. 13 Aku diudani ing panah, ginjelku padha cinublesan tanpa piwelas, rempeluku kawutahake ing bumi. 14 Aku dijuwing-juwing, aku ditempuh kaya dene wong prawira ing perang. 15 Aku wus ndondomi bagor kanggo nutupi kulitku sarta sunguku dakurugi lebu. 16 Raiku katon mbranang marga saka nangis lan tlapukanku ketutupan ing peteng ndhedhet, 17 sanadyan tanganku ora kadunungan tindak ambek-siya tuwin pandongaku resik. 18 Heh bumi, getihku aja koktutupi, sarta panjeritku aja nganti oleh papan palerenan! 19 Sumurupa, saiki uga Seksiku ana ing swarga, kang nekseni aku ana ing ngaluhur. 20 Sanadyan aku dipoyoki dening mitra-mitraku nanging kalawan nangis mripatku tumenga marang Gusti Allah, 21 muga-muga Panjenengane karsaa ngrampungi prakara ing antarane manungsa lan Gusti Allah tuwin manungsa lan pepadhane. 22 Amarga gunggunging taun mung kari sathithik lan aku bakal metu ing dalan kang ora bakal dakbaleni maneh. |
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.
Indonesian Bible Society