NEHEMYA 13:25 - Kitab Sutji25 Wong iku padha daktutuh lan dakipat-ipati sarta ana sawatara kang padha dakgitiki sarta dakjambaki rambute lan padha dakkon sumpah demi Allah mangkene: “Poma aja ngomah-omahake anakmu wadon oleh anake lanang bangsa kuwi, lan poma aja ngalap anake wadon bangsa kuwi, kokolehake anak-anakmu lanang utawa kanggo kowe dhewe! Viz kapitola |